Jumat, 07 November 2014

Sekar Dhandhanggula Kanyut Pelog Pathet 6


“SAPTA DAYA GESANG MANUNGGAL”
By: Ki Mas Ngb. H. Adi Asmoro

Sapta Daya Gesang Manunggal Ji
Sae Manjing Nir Waras sepisan
Kapi nDhagel ping pindhone
Ingkang ping telunipun
Eka Rasa Paningal Tunggil
Nyandhak kaping sekawan
Werdi sipatipun
Blungon Mencok nedya
Banyu Mili, Sampurna Nir Wadag nuli
Manunggal Jagad Nala

Werdinipun ingkang ping satunggil
Sae Manjing Nir Waras pramila
Ingkang mengku sejatine
Bisa mesem gumuyu
Ngedan nanging tan edan kaki
Tan padha marang liya
Datan melu arus
Tatag teguh jroning nala
Pan kridhane liya boya seging dhiri
Boya usah tinulad

Lajeng Wanara nDhagel ping kalih
Klawan wanara mengku sasmita
Apan kabeh tumindake
Tansah agawe guyu
Mrang sujanma kang amiarsi
Tan lumut tur gumbira
Dadya ngono kulup
Mula kulup sira aja
Lumut apan kridhamu diguyu liya
Ning ja met panglembana

Ngancik Sapta Daya ingkang ping tri
Eka Rasa Tunggal ing Paningal
Kamot teges sejatine
Wong urip ingkang teguh
Duwe keblat lampahing urip
Nadyan beda mring liya
Tetep tatag teguh
Ngrungkepi kang bener nyata
Saguh nampa ingkang bener lawan becik
Pupusen nepsunira

Kapat Blungon Mencok mengku sandi
Warnaning blungon padha uninga
Abang ireng pan ijone
Rupi-arupinipun
Gumanting mring papane mangkring
Tegese yen srawungan
Gapyak supel kulup
Kang beda aja den wada
Tan kudu padha, ngeli ning ora keli
Dadya pribadhinira

Nyandhak kaping gangsal Banyu Mili
Lamun mili pesthi pindhah papan
Nadyan meneng ning ngelemke
Ngejur pepalangipun
Supel papane den padhani
Ing gelas pindha gelas
Mula sira kulup
Kang supel jro srawungan
Tanggap sasmita, yen luput tan baleni
Dimen sira raharja

Sampurna Nir Wadag ping nem kaki
Nir iku tegese datan ana
Pan wadag iku badane
Dadya sampurna iku
Dudu badan ning jiwaneki
Jiwa tentrem sampurna
Cedhak mring Hyang Agung
Jiwa raga den reksaha
Dimen kendel datan ana sipat ajrih
Kejaba mring Hyang Suksma

Ping sapta Manunggal Jagad Ati
Alam klawan budi dadya tunggal
Dadya tunggal kekalihe
Lamun wadag puniku
Datan bisa datan kuwawi
Ning budi bisa mbatang
Jagad Pratala Gung
Antuka werdining jagad
Nadyan sithik rat aja disepeleni
Bisa negejur manungsa

Amungkasi serat kang ginurit
Sira kaki padha angestokna
Dimen mukti ing uripe
Ambengkas ing nepsu dur
Asih lantip tanggap astuti
Kaanggit ing ngayogja
Maulud wulan Gung
Ping nem likur Be Dhesta
Raket ngisak sancaya winduning
Manis guna wangining nala.

(Bantul, 26 Maulud 1936 Be)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Entri Populer